Saka Injil kita mangerti Yesus ngobati wong loro kusta, kesurupan, budeg, wuta, budhugen, lumpuh, lan sak piturute kabeh iku diwaras dan disarasake. Kabeh sing diobati iku diobati kanthi cara sing mirunggan kanggo wong sing lara. Ana sing ngganggo ditumpangi tangan, ana sing mung nganggo perintah, ana sing nganggu idu, lan liya-liyane. Mbayangke Kuasa Yesus sing saka Allah iku mestine bisa kanggo nyarasake wong sing lara secara bebarengan. Sing lara lan kumpul ing Kolam Siloam ngenteni alun ombak, mestinya bisa disarasake bareng, ora mung wong lumpuh iku (bdk Yoh. 5).
Yesus gawe saras wong-wong sacara pribadi. Kabeh iku ditangani kanthi pribadi. Ing kene Allah iku nduweni hubungan karo manungsa secara pribadi. Marga saka iku rahmat Allah iku beda-beda saben-saben sing nampa. Akeh pasemon sing dicritake Yesus, yen manungsa nduweni rahmat, rahmat sing beda-beda, iku hadiah pribadi saka Allah. Mula iku, Yesus gawe saras uga sacara pribadi. Ana syarate: nduweni percaya. Yen wis disarasake ditambahi pesen: aja gawe dosa maneh.
Saka iku kita kabeh bisa nduweni relasi pribadi karo Yesus, Allah sing nduweni rupa manungsa, Allah sing inkarnasi dadi manungsa. Mula donga iku wujud wawan rembug pribadi karo Yesus. Sakwise marak ing hadirat Allah, wening, nyuwun Roh Kudus mbarengi, terus didongakake donga rasa syukur utawa panjaluk sing nyata. Apa iku sing nyata? Nyata iku sing ditindakake, sing dipikirake, utawa sing ana njero ati. Sakwise iku kudu wani ngrungoake apa tanggapan Yesus, apa sing diutusake.
Yen donga wis ditutup, aja lali ngakoni tumindak kaya sing wis diweling. Ngono iku donga sing maujud tindakan. Kuwi banget bukti yen manungsa tansah kudu migunakake: pikir, ati, lan tangan sikil kanggo maujudake ‘ing ndonya kaya ing swarga‘. Rahayu kanggo sak kabehe. Nuwun.