Waosan dina iki (Lukas 5: 1-11) ngambarake maneka warna: cara Yesus ngajar ing pinggir tlaga Genesaret, Simon Petrus sing didhawuhi nyebar jala ana tengah sithik, oleh-olehane njala ora karuwan, Petrus sing rumangsa ora pantes ing cedhak Gusti Yesus, lan murid papat ninggal prau kanggo nderek Gusti Yesus. Simon sing wis kesel sawengi njala lan olehane ora sapira, tentu nduweni rasa sing kurang percaya yen kudu nebar jala maneh. “Nanging margi Gusti ingkang dhawuh, jala badhe kula kapyukaken.” (Luk 5: 9b)
Tukang golek iwak kaya Simon lan kanca-kancane ngerti banget bab njala ing tlaga. Kerja sewengi nutug, asile ora sepira. Kita uga sering nduweni pikiran: usahaku wis akeh, tikel tekuk, dongaku wis sapirang-pirang seprana-seprene, nanging urip panggah kaya ngene wae. Nanging yen kita nduweni pengandel kaya Simon: margi Gusti ingkang dhawuh, tentu bakal pikoleh tentrem sing turah-turah. Nderek dhawuhe Gusti iku ora bakal nguciwani ing wanci mburi. Tresna Gusti Allah iku lumaku dhisik tinimbang tumindak manungsa.
Gusti Allah nyuwun tambahin berkah, sageda tansah nderek dhawuh-dhawuh Gusti ing urip bebarengan punika. Amin