Waosan dina iki (Mrk. 4:26-34) Yesus ngaturi pasemon bab wiji sing tukul dhewe lan wiji sing bakal dadi wit sing gede ngungkuli wit liya-liyane. Wiji sing tukul dhewe iku ngambarake Kratoning Allah ing donya iki: Wujude Kratoning Allah iku kaya wong kang nyebar wiji ana palemahan, wonge turu apa tangi, wengi apa rina, wijine mau tukhul lan tuwuh, wonge dhewe embuh ora ngerti (Mrk. 4:26-27).
Wiji ngambarake kabecikan kang metu saka njeroning ati, dipikirake, lan ditindakake. Tumindak becik iku tanpa dingerteni wong sing numindake bakalan tukhul ngrembaka awoh lan paweh panggonan kanggo urip. Tumindak becik itu ora perlu mikir warna-warna, tumindaka. Yen wis ngono kabecikan iku wujudake Kratoning Allah. Kaya ing donga kang diajarake Yesus: Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem kalampahanan wonten ing ndonya kados ing swarga.
Gusti nyadong rahmat, sageda tansah ndamel kabecikan ing uring bebrayan punika.