Waosan dina iki (Mat. 25:31-46) diwenehi judul Pangadilan Pungkasan. Dudu bab pangadilan sing krasa ing batin pas waca iki mau. Nanging apa sing kudu ditindakake sakwise nderek Gusti Yesus karaben ing tembe mburi ketemu urip langgeng: karya kawelasan. Awit nakila Aku luwe, kok weneni mangan, kasatan kok wenehi ngombe, aku dadi wong manca, kok jak mampir, Aku kawudan kok wenehi sandhang, lara kowe ngopeni, dikunjara, lan kowe teka niliki (Mat. 25:35-36). Terus diterangke mangkene: Sayekti ing pangandikaku: apa kang wus kok tindakake marang salah sijining sadulurku kang sudra-papa iki, ikut kok tindakake marang Aku. (Mat. 25:40).
Yen kadang Yesus menehi pasemon kanggo nerangake bab pangajaran, ing waosan dina iku dudu pasemon. Terang-terangan apa sing kudu ditindakake marga nderek Gusti Yesus: kawelasan. Kita mesti nduweni rasa welas asih lan mbantu kepiye bisa gawe esem marang wong sing sudra-papa, wong sing lagi nandang sengsara. Ketemu wong sing kaya ngono ora ndadak mikir dawa: paringana sing dibutuhake. Sapisan: rasa welas asih dadi iso mangerteni kabutuhane liyan. Kapindo: tumindaka kanggo gawe eseme liyan. Iki trep banget karo masa puasa lan pantang: mati raga, ndedonga, lan welas asih.
Gusti nyadong rahmat sageda nduweni rasa welas asih marang sapadha-padha ing urip bebrayan punika.